Pañcādhāra Uttamopadeśa
Pañcādhāra Uttamopadeśa inggih punika gangsal dhasar pamawas ingkang dados pancadaning kawruh saha lampahing Uttamopadesa. Gangsal punika boten namung reroncening ukara, ananging dados paugeran kangge ngarahaken cipta, rasa, saha karsa supados tansah selaras kaliyan tatananing panguripan.
Saben dhasar nyurung janma supados boten namung ngudi kawruh, nanging ugi nglampahi kawruh punika wonten ing gesang padintenan. Awit kasunyatan sejati boten namung kasumurupan lumantar tembung utawi pamanggih, nanging katitik saking wohing lampah ingkang nuwuhaken kautaman, katentreman, saha kabegjan tumrap dhiri lan sapepadhan.
Mila, gangsal dhasar punika dados tetenger kangge mawas dhiri, nyelarasaken budi, saha ngiyataken laku ing saben wewengkon panguripan. Sinten kemawon ingkang nglampahi kanthi temen, saged alon-alon ngraosaken owahing batin, saya bening pamawasipun, saya luhur lampahipun, lan saya caket kaliyan sejatining dumadi.
Punika ingkang dados dhasar tumuwuhipun Wohing Panguripan minangka pratandha bilih kawruh sampun dados lampah, lan lampah sampun dados kautaman.
1. Azas Wohing Panguripan
Kasunyataning lampah boten katitik saking kathahing laku lahir, nanging saking owahing cipta, rasa, lan karsa ingkang nuwuhaken wohing panguripan.
Makna: Ukuran utama suatu laku bukan bentuk lahiriahnya, melainkan perubahan batin yang menghasilkan buah kehidupan.
2. Azas Tujuan Kawruh
Uttamopadesa boten ngudi ngunggulaken piwulang, nanging ngudi nuwuhaken wohing panguripan.
Makna: Uttamopadesa tidak bertujuan memenangkan suatu ajaran, tetapi menumbuhkan kehidupan yang berbuah keutamaan.
3. Azas Ancasing Lampah
Panguripan ingkang boten nuwuhaken wohing kautaman, dereng nyandhak ancasing lampah.
Makna: Kehidupan yang belum menghasilkan kebajikan belum mencapai tujuan laku.
4. Azas Paseksi
Wohing Panguripan dados paseksining kaselarasaning cipta, rasa, lan karsa.
Makna: Buah kehidupan menjadi kesaksian nyata bahwa batin telah bertumbuh selaras.
5. Azas Laku Utama
Uttamopadesa boten ngasta manungsa tumuju satunggaling golongan, nanging ngasta manungsa manggihaken laku utama, margi mulyo, tumuju sejatining dumadi.
Makna: Uttamopadesa menuntun manusia menuju kehidupan yang luhur, bukan menuju identitas kelompok tertentu.

Komentar
Posting Komentar
Tinggalkan pesan yang sopan, demi perkembangan websiteblog ini. Salam sahabat.